Senin, 15 Februari 2016

TRAGEDI JEMBATAN MERAH JATIBARANG WIDASARI - INDRAMAYU

(Kisah nyata)
jembatan kali cimanuk

Mohon maaf belum di translate menggunakan bahasa indonesia, nanti insyallah ada terjemahan bahasa indonesia

Bengen tepate ning wilayah jatibarang ana peperangan antara antek anteke wong welanda saking jawa tengah kelawan masyarakat pribumi asli dermayu, bisane terjadine perang mau ,yaikuh akibat masyarakat dermayu nuntut bayaran kerja ning wong welanda , tp sekudua wong welanda ngupai bayaran ng para pekerja , malah wong welanda mau gebugi utawa ngantemi para pekerja sing jaluk bayaran, sing akhire para pekerja mau gabung dadi siji anggo nganakaken perlawanan kro wong welanda.



Tapi masyarakat dermayu kuwalahan ngadepi antek anteke wong welanda. sing akhire masyarakat dermayu mau berpikir, "bisane anane pembangunan jembatan merah penghubung antara jatibarang widasari ,sing dipimpin wong belanda , pasti ana persetujuan sing bopati dermayu" terus kabeh masyarakat dermayu sing dipimpin kitotoran kelawan kadrawai mangkat meng pendopoh dermayu anggo jaluk pertanggung jawabane bopati, tapi seuwise tekang pendopoh laka bopati, akhire masyarakat mau nyebar goleti ng endi keberadaane bopati jalari. Ternyata bopati jalari mau ana ning sepinggire kali cimanuk tepate ning sor jembatan merah jatibarang widasari, bisane bopati jalari ana ng pinggiran kali karna bopati lg tetilik bener beli ng jatibarang ana pembangunan, nyatane emang bener ng jatibarang ana pembangunan jembtan, pembangunan jembatn mau dipimpin ng wong welanda , dimandori ng mandor tali wongso , sing dadi pemboronge yaikuh ki wirya.

sing akhire kelawan hati sedih bopati jalari ngucap ng hatine , ucapane yaikuh "masya allah, wani amis temen ikhi ambune banyu kali cimanuk, emang bener jare kabar sing wis nyebar, jare berita sing wis nyata, yen anane pembangunan jembatan kien , pirang pirang wong dermayu sing dadi korban\tumbal ng pembangunan kien, berdosa isun kelawan rakyat dermayu, rasane percuma isun dadi bopati ng dermayu yen isun ora bisa ngupai pengayom ayom ng rakyate isun dewek" tiba tiba muncul arwah gentayangan ng adepane bopati jalari, arwah mau jaluk tulung ng bopati jalari. arwah="kanjeng tulung kanjeng, sampe hati ya panjenengan ora melas ning isun" bopati="isun bener bener melas ng arwah lan kabeh masyarakat dermayu, emang sejatine sapa awakmu" arwah="isun wadal jembatan merah kanjeng , nama isun karsiman saking jatisawit, isun mati sia sia kanjeng, anggur anggurane ora due salah lan ora due dosa dijongklokaken ng mandor tali wongso, kanjeng" bopati="masya allah . setegah kuen mandor tali wongso, terus apa maksude awakmu muncul ng adepane isun bopati jalari" arwah="isun pengen jaluk tulung kanjeng , tulung sempurna aken kematiane isun kelawan taburan kembang setaman , lan tulung sampe aken maring keluargane isun sing ng jati sawit yen isun ikhi wis mati kanjeng" bopati="berarti keluargae karsiman ikhi durung weruhi yen karsiman ws mati , yws aja watir bakalan tak sumbadani penjalukanmu" sekejap netra hilang arwah mau saking hadepane bopati jalari, hilange arwah mau kedeleng ng keloro netrane jarali ng seduwure jembatan merah jatibarang widasari sg durung dadi ana salah sawijine bocah wadon sing rambute dawa pakeane putih mulus. kelawan penasarane hatine bopati jalari akhire jalari ngomong ng bocah wadon mau .

"toli sapa bocah wadone bengi bengi ngadeg ng seduwure jembtn abang jatibarang,toli mendi wong tuane bocah diumbarna bae, nok ,,,nok , mundun aja ng seduwure jembatan merah jati barang widasri bokatan mengkone dadi korbane jembatan abang sira nok" tapi bocah wadon mau ora ngirau aken piwara bopati jalari , malah bocah wadon mau nangis kelaran laran. "nangapa nangis nok, mundun mene cerita kro isun" akhire bocah wadon mau ngucap kelawan tetangisan ng bopati jalari ,ucapane bocah wado mau yaikuh.... "kanjeng bopati jalari ,tega sampean ng isun" kelawan penuh pertanyaan bopati jalari takon ng bocah wadon mau "dudu sebenere sapa awakmu nok"!!! bocah wadon mau jawab kelawan tetangisan sing semakin mendalam "kula ronggeng melati kanjeng" bopati jalari pun kaget seuwise bocah mau ngucap arane. bopati="ronggenge anake ki karang getas nok" ronggeng="iya isun ronggeng anake ki karang getas , kanjeng" bopati="ronggeng , ronggeng melatiiiiiii, ampuran isun jalari, sewaktu kuen isun ora bisa bisa nylametaken jiwae awakmu" ronggeng="percuma kanjeng ,wis aja nyesali kang wis terjadi, saikhi kula wis dadi korbane jembatan jati barang widasari, kula nemoni sampean kula cuma pengen nitip aken pesan ng sampean , terutama kula titip wongtua melati , aja sampe dadi korban maning ng jmbtn abang , sampean dadi pemimpin kuduk sing bijak ,cukup kula sing dadi korban sing terakhir ng jembatan abang kanjeng, lan kaweruhana ng sampean arwahe kula ora bakalan sempurna sdurunge kula bisa nuntut bales kro wong wong sing wis jebur aken kula" bopati="cukup melati aja nambah nambah korban" ronggeng="ora kanjeng ,pokoke kita bales dendam kanjeng , balas dendam kanjeng" Akhire arwah ronggeng melati ngilang ninggalaken bopati jalari. lagi enake jalarani ngratapi kesedihan , muncul rakyat dermayu ngantemi jalari, tp untunge dipenggah ng ki totoran , karnah kitotoran watir bokat sampe terjadi kematian , apa maning ng demo ikhi ana ki kadrawi sing terkenal ng kebulen sebagai wong tegelan , wong sing tukang nyembele uwong, seuwise ki totoran menggah masyarakat , kitotoran mau langsung jaluk pertanggung jawaban ng bopati, tuntutan sing dijaluk ng rakyat dermayu yaiku. 1.aja sok ngadu rakyat, sampe rakyat dermayu pada perang kadang kro kadang batur kro batur ikhu akhibat ulahe bupati. 2.yen wis ora bisa ngurus rakyat ,copot jabatan bopati ng dermayu padahal mha tuntunane rakyat sing rong perkara mau ,bopati jalari ikhu ora weru apa apa , pembangunan jembatan merah ikhu wis 5tahun , sedangkan bopati jalari jabat ng dermayu nembe 1 1/2 tahun , tapi sangkane rakyat bopati jalarilah sing nandatangani pembangunan jembatan merah mau, padahal sing sebenere sing nanda tangani yaiku bopati sing porod mau yaiku bopati wira semangun kelawan keturunane sing aran krestal, akhire bopati mau coba jelas aken kro rakyat.

isi penjelasane yaiku. "sebagus baguse masalah , luwih bagus dipecah aken kelawan musya wara, bisane isun ana ning sepinggire kali cimanuk ,dudu bae isun ngindar, melainkan isun ikhi laki tetilik serening ng jatibarang ikhi ana pembangunan, yen sampean kabe pengen weruh ng hal kien isun ikhi ora weruh ,sebab isun ora ngrasa nanda tangani ng pembangunan ikhi,yen sampean pengen jelas , khi mengkenen ceritane , bengen waktu dermayu dipimpin ng bopati wirasemangun , teka para pedagang sing cina sing belanda pada andon dagang ng dermayu,terus lengsere bopati wira semangun di ganti anake sing aran bopati krestal , tapi anane wong cina lan belanda pada andon dagang ng dermayu ,para bagusan sing desa jatitujuh ikhi ngerasa resah anane wong cina lan belanda pada andon dagang , karna anane wong cina lan belanda andon dagang merusak budaya islam ng tataran jawa , bisane sing diarani ngrusak yaikuh , mau bocah cilik cilik yen waya magrib pada mangkat ng masjid, akibat anane wong belanda sing pada inung inungan utawa mabok mabokan akhire bocah cilik lan masyarakat mau pada peluan ng budayae wong belanda, ora setujue para bagusan sing jati tujuh akhire dermayu diserang ng jatih tujuh, saking resahe bopati kristal , akhire bopati kristal nyambat ng wong belanda sing lagi gawe dalan ng balongan sampe menuju ng batavia , soke ngusir wong jati tujuh, tp jare wong belanda gelem kita ngusir wong jati tujuh tp jaluk bayaran , bareng jare bopati krestale wis gampang masalah bayaran mha sing penting usiren be dikit, akhir belanda nyerang pasukan sing jatitujuh, akhire wong jatitujuh mau kepundur karena gari wong jati tujuh mha senjate cuma golok kelawan keris sedang wong belanda senjatae tembakan, seuwise wong belanda ngusir wong jati tuju wong belanda mau nagi ng bopati krestal , jare bopati krestale pira jeh bayarane, wong belanda jaluk bayarane yaikhu sawelas kangarta tigongdoso atau jare bahasa dermayu wadage 11130 pondeslring ,

jare bopati krestale lamon direceaken duit kene,e khu pira jhe kunuh tuan, lamon direceaken duit kene tanah dermayu khu ora ketuku, jare wong belandae , yawis lamon krestal ora sanggup bayar , wis ceg paduh tanda tanganana pembangunan jematan penghubung jatibarang widasri, khu mengkonon ceritane , dai sing nanda tangani pembanngunan jembatn ikhu dudu isun tp bopati krestal" selesai

Sumber : komunitas seniman, sutradara seniman & cerita kebudayaan indramayu.

Tidak ada komentar: